Sukur Marang Gusti Iku Wajib

SESORAH

       Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.

A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah

Sesorah Halalbihalal [1]

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh [2]

Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin. [3]

Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]

Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara “Apura ingapura” utawi “Halalbihalal” warsa 1437 H menika. [5]

Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat islam saindenging nuswantara samya nindakaken shalat ied. [6]

Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]

Makaten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh. [9]

      Saka tuladha ringkes teks sesorah ing nduwur kuwi, bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan yaiku :
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah (yen prelu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup

B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah
     Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedhrake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tata carane wong menehi penemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan.

     Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.

C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan
        Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumatho, yaiku irah-irahan, salam pambuka, pakurmatan, purwaka basa utawa pambuka, wos utawa intine sesorah, andharan wose sesorah (yen prelu), pangajeng-ajeng (pangajab), wasana basa utawa panutup, lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.

D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara
          Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi : swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang bener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).

       Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.



SUMBER : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Aksara Jawa

Alam Sawegung