Postingan

Katresnan Kang Sejati

Gambar
CRITA RAKYAT       Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen,lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.       Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakat. A.    Titikane crita rakyat : a. Panye...

Sukur Marang Gusti Iku Wajib

SESORAH        Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe. A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah Sesorah Halalbihalal [1] Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh [2] Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin. [3] Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4] Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara “Apura ingapura” utawi “Halalbihalal”...

Sinau Aksara Jawa

Gambar
Aksara Jawa       Aksara Jawa uga dikenal mawa jeneng Aksara hanacaraka. Jeneng "Hanacaraka" dijupuk saka urutan limang aksara wiwitane. Urutan dhasar  aksara jawa nglegena (utawa uda) iki cacahe ana rongpuluh langsung nglambangake kabeh fonem basa jawa. Aksara Jawa : Pasangan Aksara Jawa : Sandhangan Aksara Jawa :       Sandhangan iku pakean utawa busana. Kanthi nganggo pakean mau, bisa dadi luwih luwes, luwih aji, lan luwih merdika menyang ngendi wae. Aksara jawa iku kelebu aksara jinis abugida utawa hibrida utawa cangkokan antarane aksara silabik karo aksara alfabetik. Minangka aksara silabik, saben aksara jawa iku nadyan nglegena(durung nganggo sandhangan/wuda) wis bisa muni. Aksara Murda : Pasangan Aksara Murda : Aksara Rekan :       Aksara rekan yaiku aksara kang direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo aksara jawa. Aksara Swara : Aksara Swara yaiku je...

Kautamaning Urip

TEMBANG MACAPAT PUPUH SINOM       Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara VI. Tembung ‘serat’ tegese tulisan/karya, ‘wedha’ tegese wulangan/tuntunan, dene ‘tama’ duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi. A. Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama pupuh Sinom lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan Sinom   Nuladha laku utama Tumraping wong tanah jawi Wong agung ing ngeksiganda Panembahan senopati Kepati amarsudi Sudaning hawa lan nepsu Pinesu tapa brata Tanapi ing siyang ratri Amamangun karyenak tyasing  sesama Pupuh Sinom ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 18 pada (bait). Sapada tembang Sinom dhuwur iki kawiwitan saka tembung ‘nuladha’ tekan tembung ‘sasama’. Guru gatra, yaiku wewaton caca...

Alam Sawegung

GEGURITAN        Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas.         Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane         Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. a. Maca kanthi premati,yen prelu dibolan-baleni. b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//). c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.         Menawa...