Kautamaning Urip

TEMBANG MACAPAT
PUPUH SINOM

      Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara VI. Tembung ‘serat’ tegese tulisan/karya, ‘wedha’ tegese wulangan/tuntunan, dene ‘tama’ duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.

A. Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama pupuh Sinom lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

Sinom 
Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan senopati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing 
sesama


  • Pupuh Sinom ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 18 pada (bait). Sapada tembang Sinom dhuwur iki kawiwitan saka tembung ‘nuladha’ tekan tembung ‘sasama’.
  • Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang sinom ana 9.
  • Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Sinom, yaiku a,i,a,i,i,u,a,i,a.Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang Sinom, yaiku 8,8,8,8,7,8,7,8,12.
  • Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Sinom, biasane ditulis : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i,12a.


B. Nemokake tuntunan ing serat Wedhatama pupuh Sinom lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Sinom
Contohlah perilaku utama,
Bagi kalangan orang jawa,
Orang besar dari Ngeksiganda (Mataram)
Panembahan Senopati,
Yang tekun,
Mengurangi hawa nafsu,
Dengan jalan prihatin (bertapa),
Serta siang dan malam,
Selalu berkarya membuat hati tentram,
Bagi sesame (kasih sayang)

√ Pada iki mung salah siji saka 18 pada ing pupuh Sinom serat Wedhatama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa indonesiamu bisa ditemokake tuntunaning urip, upamane :
a. Manungsa kudu bisa nuladhani kaya tumindake panembahan Senopati, yaiku tekun.
b. Manungsa kudu bisa ngurangi hawa nafsu kanthi prihatin.
c. Manungsa kudu bisa gawe ati tentrem kanthi tansah budi daya tresna asih mring sasama.

C. Mbedhah perangane serat Wedhatama pupuh Sinom
      Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang Sinom iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe 9 gatra. Gatra sepisan, gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana aturane. Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iku, tegese dudu tembang Sinom.

D. Nulis cakepan tembang Sinom
      Nulis tembang macapat, klebu tembang Sinom iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing nduwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat (Sinom), wiwitana kanthi gawe ukara bebas. Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahe papane tembung. Cara cara iku kayata : purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung saroja, lan sapanunggale.








SUMBER : GEGARAN BASA JAWA 1 KELAS X SMA/SMK/MA




Komentar

  1. Isinya bagus untuk menambah pengetahuan

    BalasHapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  3. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  4. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  5. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  6. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  7. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Aksara Jawa

Alam Sawegung

Sukur Marang Gusti Iku Wajib