Alam Sawegung

GEGURITAN
       Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas.
        Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
        Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
a. Maca kanthi premati,yen prelu dibolan-baleni.
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

        Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

Apa Bedane
dening Sudi Yatmojo

Apa bedane prosa karo puisi 
Bedane ana ati
Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakara bumbune
Bedane rak mung ana ing wadhah
Apabedane wadah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
Lhah opo bedane manungsa karo kewan 
Ah iku urusane pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
        Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggranthes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
           Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
d. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.



SUMBER : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

Komentar

  1. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  2. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  3. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  4. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  5. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  6. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sinau Aksara Jawa

Sukur Marang Gusti Iku Wajib